Archive for November 9, 2012

Khutbah Jumat tema syukur nikmat

Alhamdulillahi arsalarasuulu bil huda wadiinil haqqa  liyudlhirahu ‘aladdaini kullahi wa lau karihal musyrikuun. Asyhadu alla illa ha illallahu ya’lamu khoinatal ‘a’yuni  wamaa tukhfishshuduur, wa asyhadu anna muhammadan rasuulullahi akhrajannaasa minadl dlulumaati ilannuur, Allahumma Shalli wa sallam ‘ala sayyidina Muhammadin wa ‘ala alihi wa ash habihi ila yaumi yub’atsuun. Amma ba’du, fayaa ma’syaral hadliriin, ‘uushiikum wa iyya bitaqwallahi faqad faazaal muttaquun

Hadirin sidang Jum’at ingkang kawulo luhuraken

Wonten ing kesempatan weknal meniko, kawulo pinongko khatib ngajak dumateng panjenengan sami  kagem ningkataken anggen kita taqwa dumateng ngrsa dalem Allah SWT. Ningkataken taqwa kanti sakestu-estu.  Ningkataken anggen kita nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan ugi ningkataken anggen kita nebihi awisan-awisanipun Allah SWT. Amargi inggih namung kanthi taqwa meniko ingkang saget nglantaraken kulo panjenengan sami pikantuk kabegjan wonten ing alam donya semanten ugi mbenjang wonten in Akhirat. Allohuma Amin.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Wonten ing panggesangan meniko asring kulo panjenengan ngraosaken menawi gesang meniko raosipun awrat. Gesang meniko rekaos. Wonten ingkang ngraosaken awrat wonten ing babagan ekonomi. Wonten ingkang ngraosaken awrat wonten ing babagan kesehatan. Wonten ugi ingkang ngraosaken awrat ing babagan kapinteran. Namung pinangka piyantun ingkang kagungan iman lan taqwa, kulo panjenengan sami kedah tetep yakin bilih raos awrat ingkang wonten meniko salah setunggaling ujian saking Allah SWT. Mboten sae menawi anggen kulo panjenengan sami  ngadepi gesang ingkang awrat meniko kanthi sambat ing saben wayah. Amargi menawi kito gatosaken, estunipun taksih kathah kenikmatan ingkang pun paringaken dening Allah SWT dumateng kulo panjenengan sami. Milo langkung sae menawi kulo panjenengan sami langkung ngutamakaken  anggen kito bersyukur awit paringipun nikmat ingkang kathah saking Allah SWT.

Wonten ing QS Ibrahim ayat 3 Allah ngendika :

“Lan menawa kowe ngitung nikmat Allah, ora bakal bisa tok ukur. Saktemene menungsa iku padha zalim lan ingkar marang nikmat Allah”

Salah setunggaling nikmat Allah ingkang kulo panjenengan sami aring kesupen anggenipun bersyukur inggih meniko nikmat jasmani arupi awak utawi badan ingkang sehat. Kanthi panca indera ingkang komplit, susunan tubuh ingkang komplit, ingkang taksih kagungan fungsi ingkang komplit, kulo panjenengan sami asring kesupen bilih meniko nikmat ingkang bonten saget pun ukur kanthi materi.

Menawi wonten saking anggota badan kulo panjenengan sami ingkang sakit, utawi ingkang mboten saget pun ginakaken kados umumipun piyantung gesang, kita tasih kagungan anggota badan sanesipun ingkang mbok menawi mboten sedaya piyantun kagungan. Menika ugi kedah kita syukuri.

Kula panjenengan sami tasih pun paringi kekiatan kagem nindhakaken ibadah jumat wonten ing Masjid Al Furqon mriki, meniko nikmat ingkang sak kelangkung ageng. Amargi meniko nendahaken bilih manah kita tasih pun bikak dening Allah SWT kagem nindakaken saperangan dhawuhipun.

Menawi kulo panjenengan sami nembe nandang gerah, monggo sami dipun lampahi kanthi sabar kalian evaluasi, kenging menopo kok saget gerah? Menopo inggih sakdangunipun pun paring kesehatan, kulo panjenengan sami asring tumindak ingkang mboten leres? Menopo inggih kulo panjenengan sami asring nilaraken dhawuh-dhawuhipun Allah SWT sinaoso pun paringin badan ingkan sehat lan kalodangan wekdal? Wonten ing Surat Al Asra’ 36 Allah ngendika, “ Saktemene pendengaran (talingan), penglihatan (netra) lan ati, kabeh mau bakal dijaluki tanggung jawab”.

Wonten setunggaling ustadz ingkang nedahaken, menawi kulo panjenengan sami pun paringi ganjaran gerah wonten ing alam donya, meniko ateges kulo panjenengan sami dipun tresnani dening Allah SWT. Amargi meniko menawi pun tampi kanthi sabar, saget ngleburaken dosa-dosa kula panjenengan sami nalika tasih sehat, mbok menawi kesehatan kulo panjenengan sami pun ginakaken wonten ing papan panggenan ingkang mboten sae. Mbok menawi kesehatan kulo panjenengan sami mboten pun ginakaken kanthi ibadah ingkang sakestu-estu. Kanthi gerah kulo panjengan sami saget kagungan tekat kagem manfaataken kesehatan meniko kanthi ingkang sak estu-estu menawi pun paring kesehatan.

Ma’asiran muslimin rahimakumullah

Saksanesipun masalah kesehatan, ingkang kadhang kala kula panjenengan sami kesupen anggenipun bersyukur inggih meniko masalah ekonomi. Mboten kagungan arto lajeng sambat lan nglokro, meniko mboten sak trep. Tasih kathah piyantun sanes ingkang mboten kagungan arto lan malah kagungan utang ingkang kathah. Lajeng pripun menawi mboten kagungan arto lan malah kagungan utang?

Sidang jumat ingkang kawulo luhuraken. Kados dene ujian wonten ing babagan kesehatan fisik, ujian wonten ing kesehatan ekonomi ugi sami. Monggo kito sami menggalih, menopo ingkang sampun kulo panjenengan sami lampahi sakdangunipun pun paringi kesehatan ekonomi. Naliko kagungan arto ingkang kathah, nopo meniko sampun kito ginakaken kagem ibadah? Menopo meniko sampun kito ginakaken kagem nglampahi dhawuh-dhawuhipun Allah? Menopo malah kito ginakaken kagem maksiat?

Meniko perkawis ingkang baken sanget. Amargi estunipun kagungan bondho ingkang kathah meniko ugi ujian. Wonten ingkan bandhanipun kathah lajeng pedamelanipun saben dinten namung judi. Wonten ingkang malah Mo limo. Wonten ingkang lajeng remen nuruti hawa nafsu ingkang malah damel cilakanipun awakipun piyambak. Lajeng wonten ugi ingkang malah mlajar wonten ing narkoba. Dados monggo pun penggalih  kanthi sakestu, naliko pun paring nikmat bandha ingkang kathah, meopo ingkang sami kita tindakaken.

Lajeng menopo ingkang kedah kito lampahi menawi sakmeniko kagungan utang ingkang kathah? Ingkang sepindah monggo evaluasi. Kenging menopo kok saget kagungan utang ingkang kathah? Menopo amargi rumiyin nyambet arto lajeng artonipun kagem foya-foya? Menopo kagem usaha lajeng usahanipun bangkrut? Menopo artonipun pun sukakaken dalem, lajeng dipun pendet tiyang sanes?

Menawi sampun evaluasi, milo lajeng pasrah dumateng Allah SWT. Menawi rumiyi kathah maksiat pun agengaken tekad kulo panjenengan sami kagem mertobat. Menawi rumiyin usaha bangkrut amargi mboten estu2 anggenipun nyambut damel ugi monggo pun tekati kagem mboten mbangsuli malih. Menawi rumiyin anggenipun kecalan arto amargi kapusan, kemalingan, lan sakpiteratipun, monggo sami dipun adhepi kanthi sabar, meniko sampun kersanipun Allah SWT. Amargi wonten ing asmaul husna estunipun Allah meniko kagungan sifat Ar Razaq ingkang tegesipun dzat ingkang paring rejeki. Namung upadi kulo panjenengan sami ingkang dipun betahaken, amargi Allah SWT mboten badhe ngewah-ewahi nasib salah setunggaling kaum kejawi kaum meniko ingkang kedah ngupadi piyambak (QS Ar Ra’d 21)

Lajeng menawi kulo panjenengan sami mboten kagungan arto lan mboten kagungan utang, lan tasih kagungan fisik ingkang sehat kagem pados arto, milo meniko nikmat ingkang ageng sanget saking Allah SWT. Monggo pun lampahi gesang meniko kanthi raos syukur ingkang sak estu-estu, amargi nyambut dame meniko kenikmatan, kesehatan meniko kenikmatan, pikantuk bandha kanthi margi ingkang leres meniko ugi kenikmatan. Lan ampun kesupen anggenipun ngibadah dumateng Allah SWT ugi tansah ingkang estu-estu.

Nabi SAW ngendiko

“Sawangen marang wong-wong sing neng ngisormu, lan ojo nyawang marang wong-wong sak ndhuwurmu. Saktemene kang koyo mengkono iku mung bakal marakake kowe lirwa/ lali marang nikmate Allah SWT”.

Maasiran Muslimin rahimakumullah

Wonten malih kenikmatan ingkang kadhang kala mboten kita sadari. Inggih meniko raos aman lan tentrem. Raos aman lan tentrem meniko kedadosan amargi mapinten-pinten perkawis. Ingkang utami inggih meniko kahanan wonten ing sak kiwa tengen kito. Lan pengestunipun saking Allah SWT, kulo panjenengan sami sakmeniko gesang wonten ing daerah ingkang aman. Tebih saking peperangan.  Tebih saking bencana.

Menawi kito midanget wonten ing pawartos surat kabar, radio, televisi, internet, wonten ing Suriah, perang saudara ingkang korbanipun mboten sekedik. Ajeng nyambut damel raosipun mboten tentrem. Ajeng makaryo dodolan dhaharan lan unjukan raosipun mung tansah was-was. Ajeng sekolah ugi mboten sekeco. Nindakaken ibadah jumat kados siang meniko, raosipun namung semelang.

Ugi wonten malih ingMyanmar. Kaum muslim etnis Rohingya dipun usir saking tanah kelahiranipun. Kados pundi raosipun poro sederek-sederek kito muslim Rohingya. Badhe mlajar wonten pundi. Kamongko sakawit alit nggoh wonten mriku anggenipun gesang.

Mboten sah tebih-tebih, Wonten Lampung.Bentrok warga antar kampung. Ingkang kedhahipun sami guyub rukun mbangun daerahipun supados majeng malah sami jothakan. Badhe menopo-menopo rekaos. Menang ugi mboten pikantuk menopo-menopo. Mboten wonten ginanipun.

Milo kulo panjenengan sami sampun pun paring nikmat ingkang sak kelangkung kathah. Gesang wonten ing perkampungan ingkang ayem tentrem. Mboten kagungan arto mboten menopo-menopo, tasih saget ngupadi kagem pados arto. Milo monggo nikmat Allah ingkang ageng meniko kito ginakaken kanthi ingkang sak estu-estu. Kagem ngibadah nindhaki dhawuhipun Allah. Sholat gangsal wekdal. Sae malih pun tambah sholat sunat. Ngaos Al Qur’an. Nyambut damel kagem pados pangupo jiwo. Lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun.

Tentu kemawon kulo panjenengan sami tasih emut. Naliko gunung merapi meletus dahsyat kaleh tahun kepengker. Kirang langkung ugi wonten ing wulan November kulo panenengan sami nilaraken kampung halaman. Mboten mangertos kapan badhe wangsul maleh. Ing pengungsian mboten asget menopo-menopo. Mboten saget nyambut damel. Nambung sare wungu sare wungu ngantos bingung badhe menopo maleh. Anamung nggih awit saking nikmatipun Gusti  Allah, kita tasih saget wangsul maleh wonten ing dalem kulo panjenengan sami. Meniko ugi kagem pepeling supados kulo panjenengan sami tansah njagi alam meniko supados tetep saget kagem geang sesarengan.

Ma’asiran Muslimin Rahimakumullah

Ing pungkasan khutbah meniko, kulo badhe ngajak para jamaah kagem nyimak firman Allah wonten ing Surat Ibrahim ayat kaping 7.

Lan padha elinga nalika Gustimu ngendika,”saktemene menowo kowe podho syukur, mulo aku bakal nambah nikmat marang kowe, ananging menowo kowe ingkar marang nikmatKu, mulo adzabku kuwi abot tenan”.

Milo para jamaah… monggo sami kito penggalih sesarengan. Kados pundi anggen kito bersyukur marang nikmat-nikmatipun Allah SWT. Bersyukur meniko mboten cekap namung ngucapaken Alhamdulillahirabbil alamin, namun ungi kados pundi anggen kito nerapaken kenikmatan Allah meniko. Menopo kito ginakaken kagem ngibadah, menopo kosok wangsulipun.

Temtu kemawon menawi nyinau saking firman Allah kala wau, lan menawi kulo panjenengan sami pitados dumateng Allah, milo kito kedah nggadahi raos syukur ingkang kathah dumateng nikmat-nikmat Allah. Amargi menawi kito kerso bersyukur, nikmat meniko badhe dipun tambah. Lan Menawi kufur, utawi ngginakaken nikmat Allah kanthi margi ingkang mboten leres, Allah ingkang badhe paring pinwales.

Mugi-mugi kulo panjenengan sami kalebet tiyang-tiyang ingkang saget bersyukur dumateng nikmat-nikmat Allah SWT. Amin… Amin… Ya rabbal alamin….

Barakallahu lii walakum fil qur’aanil ‘adliim. Wanafa’anii wa iyyakum bimaa fiihi minal ayaati wadzikril hakiim. Waqurobbaghfir warham wa anta khoirurrahimiin.

November 9, 2012 at 3:21 am Leave a comment


November 2012
M T W T F S S
 1234
567891011
12131415161718
19202122232425
2627282930  

Pages